Teks Sambutan Ketua RT Acara Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa, Singkat Mudah Dipahami

Ilustrasi sambutan ketua RT acara halal bihalal dalam bahasa Jawa. (Pixabay.com)

bernasnews – Acara halal bihalal atau syawalan menjadi momen penting bagi masyarakat untuk mempererat silaturahmi setelah merayakan Idul Fitri.

Dalam suasana penuh kebersamaan ini, biasanya Ketua RT menyampaikan sambutan sebagai bentuk penghormatan, ajakan persatuan, sekaligus permohonan maaf kepada seluruh warga.

Berikut ini adalah contoh teks sambutan Ketua RT dalam acara halal bihalal menggunakan bahasa Jawa yang sederhana, mudah dipahami, dan tetap sopan untuk berbagai kalangan.

Contoh Teks Sambutan Ketua RT Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Alhamdulillahirabbil ‘alamin, wassalatu wassalamu ‘ala asyrafil anbiya’i wal mursalin, wa ‘ala alihi wa shahbihi ajma’in, amma ba’du.

Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah kita hormati lan kita mulyaaken.
Dhumateng Bapak Dukuh ingkang kinurmatan.
Lan ugi dhumateng sedaya bapak, ibu, para pemuda, saha tamu undangan ingkang kulo tresnani lan kulo banggakaken.

Sakderengipun, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, amargi kanthi rahmat lan karunia-Nipun, kita saged makempal wonten ing acara halal bihalal utawi syawalan ing dinten menika kanthi sehat lan kebak kabingahan.

Mboten kesupen, shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun kita saking jaman peteng tumuju jaman padhang kados sakmenika.

Bapak, Ibu, saha sedaya warga ingkang kulo hormati.

Minangka Ketua RT, kulo ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh lan nyawiji ing acara menika. Kulo ugi nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun menawi wonten tembung, tindak tanduk, utawi kebijakan ingkang kirang mranani, sengaja utawi boten sengaja.

Ing wekdal ingkang mulya punika, kita sami-sami ngaturaken ucapan Sugeng Riyadi, Minal aidzin wal faidzin, mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang pikantuk pangapunten saking Allah SWT, lan saged miwiti gesang kanthi ati ingkang langkung resik.

Kulo ugi ngajak dhumateng sedaya warga, supados kita tansah njaga kerukunan, gotong royong, lan rasa peduli marang sesami. Amargi lingkungan ingkang rukun lan tentrem menika saged kabangun saking kebersamaan lan kepedulian kita sedaya.

Mugi saking acara halal bihalal menika, kita saged langkung erat silaturahmi, ngilangaken sekat-sekat ingkang nate wonten, lan nguataken rasa kekeluargaan antar warga.

Pungkasanipun, mugi Allah SWT tansah maringi berkah, rahmat, lan hidayah dhumateng kita sedaya, saha paring katentreman ing lingkungan kita.

Amin Ya Rabbal ‘alamin.

Bilahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Teks sambutan Ketua RT dalam acara halal bihalal di atas dapat digunakan sebagai referensi yang fleksibel dan mudah dipahami. Bahasa yang digunakan bersifat sederhana namun tetap mengandung nilai sopan santun, kebersamaan, serta ajakan untuk saling peduli antarwarga.

Dengan penyampaian yang hangat dan tulus, sambutan ini diharapkan mampu mempererat hubungan sosial di lingkungan masyarakat serta memperkuat semangat kebersamaan setelah Hari Raya Idul Fitri. (anp)